Kamis, 11 Juni 2015

pidato bahasa jawa




PIDATO BAHASA JAWI
Kanti irah-irah ( Bibinau wonten ing alam sekitar )
Assalamu’alaikum Wr. Wb
            Alhamdulillahi robbil ‘alamin………………………..
Dumateng Ibu Mafa ingkang kulo hormati, dumateng rencang-rencang seng sampun rawuh teng kelas PAI 5A ingkang kulo tresnani.
            Ingkang sepindah, sumonggo kulo panjenengan sedoyo ngaturaken raos syukur wonten ngarso dalem Allah  SWT, mugi-mugi kito sedoyo angsal rahmat,hidayah, serta inayahipun.
            Saklajengipun, sholawat lan salam mugi tansah kunjuk katur wonten junjunganipun kito, panutan kito, Nabi agung Muhammad SAW, ingkang rinten dalu kito sebat-sebat asmanipun kanthi pangajab, mugi kito sedoyo pikantuk syafaatipun wonten ing yaumil qiyamah sak mangkeh.
            Wonten ing wekdal puniko, kulo badhe ngaturaken satunggal rakitan boso kanthi irah-irahan bibinau ing alam sekitar.
            Cecukulan wunopo kemawon, wonten ing alam dunyo puniko wonten maneh warna, sangking rupo, bentuk lan sak panunggalipun. Ananging senahoso, setunggal mbok’o satunggalipun ketinggal sami sedantenipun wonten bedanipun. Kadosto suket, tetaneman kajeng lan kembang soko woh-wohan.
            Sangking suket, kulo panjenengan sedoyo saget sinau bertahan hidup, amargi suket puniko tetukulan alit ingkang saget tukul teng pundi mawon. Mbok’o di tanem teng loteng teng udara salju nopo teng pundi mawon nggeh tetep saget tukul. Senahoso kejawahan, ugi kepanasan ngantos garing nggeh piyambak’e gesang . Sangking taneman kadosto ringin, mahoni lan sak panunggalipun, kulo panjenengan sami saget sinau ngayomi, tumerape kagem kawulo alit. Sangking kembang, kulo panjenengan sedoyo saget sinau keindahan amargi bentuk lan warnane niku indah. Lan sangking taneman woh-wohan kulo panjenengan saget sinau dados tiyang ingkang manfaati, saget langsung dipun raosaken dating tiang sanes. 
Nah, puniko kulo panjenengan wonten gesang nggeh kedah tahan banting, kedah ngayomi lan manfaati marang sapadha-padha. Semanten ugi dateng toyo  kulo panjenengan saget sinau tawadhu’ amargi toyo sak puniko mboten saget mili saking papan ingkang ingkang andhap marang papan ingkang inggil.
Cekap semanten ingkang saget kulo aturaken,mok bilih wonten kelinta-kelintu nipun kulo nyuwun ngapunten agunging pangatsami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar